Skip links

Mas Yoyok Mantau Latihan Bengkel Seni Tari Siswa SMAN 1 Sokaraja Banyumas

Bengkel Seni– Dina Rebo sore mau watara jam 15.00, SMAN 1 Sokaraja, Banyumas karawuhan tamu istimewa sekang Semarang. Tamu istimewa mau yakuwe Mas Yoyok Bambang Priyambodo, seniman tari asal Semarang kang wis kondhang. Rawuhe Mas Yoyok nang SMAN 1 Sokaraja mau kadherekaken dening Tim sekang Balai Pengembangan Seni Budaya dan Bahasa Daerah Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah

Midherek pangandikanipun Ibu Yayuk, rawuhipun Mas Yoyok kuwe merga kadhawuhan sekang Balai Pegembangan Seni Budaya dan Bahasa Daerah, Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah, saperlu mantau latihan tari siswa SMAN 1 Sokaraja. Pancen wiwit akhir Juli kepungkur, siswa SMAN 1 Sokaraja cacah 25 sengkud latihan tari Lengger Soka Wira Kusuma, kang dibiayani dening Balai Pengembangan Seni Budaya dan Bahasa Daerah, Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah.

Sewise rawuh nang SMAN 1 Sokaraja, Mas Yoyok lan Ibu Yayuk sak rombongan terus bae nuju maring ruang tari. Nang ruang tari, Mas Yoyok terus bae ngemataken siswa sing lagi padha latihan tari. Kabeh gerakan tari Lengger Soka Wira Kusuma, wiwit mulai nganti rampung, dipirsani Mas Yoyok kanthi terwaca. Sewise siswa rampung gole nari, Mas Yoyok ngendika lamona gerakan tari siswa SMAN 1 Sokaraja wis cukup apik. Senajan kaya kuwe, midherek pangandikanipun priyayi ingkang kagungan Sanggar Greget, Jalan Pamularsih I Nomor 2 G, Barusari, Semarang barat kuwe, gerakan-gerakan tari siswa SMAN 1 Sokaraja mau esih ana sing perlu didandani utawa diilangi.

Mas Yoyok ngendika, arepa dekaya ngapa, sing jenenge tari Lengger kuwe minangka tari khas Banyumasan. Mulane sapa bae sing nari Lengger, ora kena nyimpang utawa ninggalaken gerakan-gerakan tari khas Banyumasan. Supaya ora nyimpang, sapa bae sing nari Lengger, kudu ngerti lan paham gerakan-gerakan tari khas Banyumasan.

Midherek Mas Yoyok, gerakan-gerakan tari siswa SMAN 1 Sokaraja esih ana sing durung pas karo gerakan tari sing dadi ciri khas tari Banyumasan. Esih ana gerakan tari sing sekang dhaerah liya nanging melu dienggo gerakan tari Lengger Soka Wira Kusuma. Kejaba kuwe, ana gerakan-gerakan tari sing kudune nggo gerakan tarine wong lanang nanging melu dienggo gerakan tarine wong wadon.

Mulane, maring Ibu Ituk Tri Hartini minangka pelatih tari siswa SMAN 1 Sokaraja, Mas Yoyok nyaosi saran supaya gerakan-gerakan tari sing durung pas mau supaya diilangi bae. Kanthi kaya kuwe, tari Lengger Soka Wira Kusuma sing lagi dilatihaken maring siswa SMAN 1 Sokaraja, isine tetep gerakan-gerakan tari sing murni khas Banyumasan, ora kecampuran karo gerakan tari sekang dhaerah liya. Nampa saran sekang Mas Yoyok sing kaya kuwe, Ibu Ituk nyanggupi arep ngilangaken gerakan-gerakan tari sing midherek Mas Yoyok esih kurang pas mau.

Sabanjure Mas Yoyok ngendika, lamona piyambake kersa nglatih tari Banyumasan siswa SMAN 1 Sokaraja, sing kabeh gerakane murni gerakan tari khas Banyumasan. Nanging prosedure kudu ditempuh, yakuwe pihak sekolah kudu ngirim surat permohonan maring Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah, sing isine nyuwun supaya Mas Yoyok nglatih tari siswa SMAN 1 Sokaraja. Insyaallah bae, pihak SMAN 1 Sokaraja arep gagean kirim surat kaya sing disaranaken dening panjenenganipun Mas Yoyok.[*]

Dening : Edi Prasetyo, Kepala SMAN 1 Sokaraja, Banyumas.

Leave a comment

Name*

Website

Comment